Sujarah Facebook

Facebook ya iku paladi jaringan sosial sing digebyakaké tanggal 4 Fèbruari taun 2004. Paladi iki diyasa déning Mark Zuckerberg karo kanca sakamaré nalika kuliah lan padha-padhané mahasiswa saka Universitas Harvard jenengé Eduardo Saverin. Kaanggotaane situs wéb kuwi mau wiwitané diwatesi nara yasané mung kanggo mahasiswa Univèrsitas Harvard, nanging banjur kajembaraké menyang kampus-kampus liya ing laladan Boston, mligi kampus-kampus Ivy League, lan mbaka sithik menyang akèh-akéhe kampus-kampus ing Kanadha lan Amérika, perusahaan-perusahaan ing kana, lan kala Sèptèmber taun 2006, bisa kaaksès kanggo wong umur minimal 13 taun ndhuwéni alamat layang èlèktroniks kang valid.


From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Nelliwinne